Skip to main content

Tembang Girisa, Nasehat dan doa bagi generasi muda dari leluhur Tanah Jawa

"Semar: sebagai figur penasihat, selalu berpihak kepada golongan Ksatria. Sebenarnya dia adalah Dewa yang ngejawantah (menjelma) menjadi manusia, dan selalu sebagai abdi, tetapi nasihat-nasihatnya selalu baik.
Apabila seorang Ksatria akan menyeleweng, Semar pasti tampil menasihati dan selalu akan dituruti. Bila nasehatnya tidak diikuti, sang Ksatria akan menemui halangan."


Hari ini tepat tiga tahun beliau yang kami kasihi kembali ke kelanggengan, namun semua nasehat dan pelajaran beliau masih tetap relevan dalam mengantarkan kami menjalani kehidupan, menapaki masa depan. Dan entah kenapa tiba-tiba tangan dan segenap indera sampai pada tembang ini, yang terangkum dalam kitab Wulangreh karya agung Ingkang Sinuwun Kanjeng Sunan Pakubuwono IV. Tulisan ini saya buat sebagai kenangan bagi beliau yang kami kasihi, yang meski sudah tidak bersama kami tetapi masih tetap selalu membimbing kami. Bagi kami beliau akan selalu ada, di sini, di hati kami....

Membaca gatra demi gatra tembang Girisa ini, serasa kembali mendengar rangkaian nasehat dan pitutur beliau yang kami kasihi, meski dulu disampaikan dengan bahasa yang berbeda, bahasa sehari-hari yang lebih mudah kami pahami. Tapi kini, serasa gatra-gatra tembang ini berkumandang, dilantunkan dari atas sana. Dan saya tuliskan di sini sebagai pengingat bagi anak-anakku serta semua generasi muda di luar sana agar tidak melupakan pelajaran-pelajaran dan petuah-petuah dari para leluhur kita tentang tata krama dan budaya Jawa yang agung. Sebagai perkenalan, di sini hanya akan saya tuliskan 23 pupuh tembang Girisa saja, tanpa uraian dan terjemahan. Selain sebagai dokumentasi, harapan saya pembaca bisa ikut mempelajari dan mengapresiasi karya sastra indah ini dan selanjutnya berusaha memahami maknanya dengan segenap rasa, dan selalu mengingat pelajaran-pelajarannya. Nanti di tulisan selanjutnya akan saya tuliskan uraian serta terjemahannya :)


"Mulaningsun muruk marang,
ing kabeh atmajaning wong,
sun tulis ngong wehi tembang,
darapon padha ruh apa,
nggonira padha amaca,
sarta ngrasakna carita,
aja bosen den apalna,
ing rina wengi elinga."

"maka dari itu, saya mengajarkan kepada semuanya dengan cara menuliskannya dalam bentuk tembang, agar  semua tertarik membacanya dan meresapi ceritanya. Maka janganlah bosan, hafalkan selalu, serta ingat-ingatlah siang dan malam."


Duh Bopo, kami kangen..... kehalusan rasa dan bahasa pesan-pesan dalam tembang ini mewakili kerinduan kami akan pitutur-pitutur panjenengan. Meski tak sama yang tersurat, namun sama yang tersirat. Semoga Gusti Allah membuka hati kami, sehingga bisa menguasai nasehat-nasehat yang baik.....

Nasehat-nasehat tentang kehidupan dan kewajiban-kewajiban luhur bagi orang hidup termuat di sini sebagai pengingat bagi generasi muda yang harus giat mencari dan mempelajari etika ketimuran, khususnya Jawa. Dan bagi saya pribadi, hal yang paling berkesan dari tembang ini adalah banyaknya doa dan permohonan baik dari seorang Bopo bagi putra-putri dan keturunannya. Memang begitulah seharusnya orang tua, penuh kasih dan selalu mendoakan anak-anaknya.... Dimulai dari pupuh ke 13 dan makin banyak lagi hingga pupuh ke 23. Namun tiba-tiba batin ini bergetar ketika membaca kata-kata di gatra-gatra terakhir pupuh ke 19


"Allah anyembadanana,
ing pandonganingsun mapan,
ing tyasingsun wus rumasa."


"semoga Allah mengabulkan doa saya, karena saya sudah merasa..."

dan dilanjutkan ke pupuh 20

"Wak ingsun upama surya,
lingsir kulon wayahira,
padak mring surupe uga,
atebih marang timbulnya,
pira lawase neng donya,
ing kauripaning jalma,
masa nganti satus warsa,
iya umure manungsa."

"Badanku ini ibarat matahari, sudah condong ke Barat, mendekati saat terbenam, sudah jauh dari saat terbit. Seberapa banyak umur manusia hidup di dunia? Masa bisa mencapai seratus tahun?"

Mungkinkah ini pesan yang tidak pernah beliau sampaikan??

Bopo, semoga semua amal ibadah, budi baik dan semua kebaikan panjenengan menjadi penerang dan diganjar kemulyaan di kelanggengan, dan semoga semua nasehat serta pelajaran Bopo bisa menjadi penerang jalan hidup kami. Amin...

In memoriam, Father of the Dynasty


Rahayu sagung titah dumadi


Berikut bait-bait Tembang Girisa

Anak putu den estokna,
warah wuruke pun bapa,
aja na ingkang sembrana,
marang wuruke wong tuwa,
ing lair batin den bisa,
anganggo wuruke bapa,
ing tyas den padha santosa,
teguhana jroning nala. (1)

Aja na kurang panrima,
ing pepesthening sarira,
yen saking Hyang Maha Mulya,
kang nitahken badanira,
lawan dipun awas pada,
asor unggul waras lara,
utawa beja cilaka,
urip utawa antaka (2)

Pan iku saking yang Sukma,
miwah ta ing umurira,
ingkang cendhak lan sing dawa,
wus pinasthi ing Hyang Sukma,
duraka yen maidowa,
miwah yen kurang panrima,
ing lokhilmahful punika,
tulisane pan wus ana. (3)

Iku padha kawruhana,
sesikune badanira,
iya marang kang amurba,
kang misesa marang sira,
yen sira durung uninga,
prayoga atetakona,
mring kang padha wruh ing makna. (4)

Kang wus wruhrahsaning kitab,
darapon sira weruha,
wajib mokaling Hyang Sukma,
miwah wajibing kawula,
lan mokale kawruhana,
miwah ta ing tatakrama,
sarengat dipun waspada,
batal kharam takokena. (5)

Sunat lan perlu punika,
parabot kanggo sadina,
iku kaki dipun padhang,
tatakanira den terang,
lan aja bosen jagongan,
marang kang para ulama,
miwah wong kang wus sampurna,
pangawruhe mring Hyang Sukma. (6)

Miwah ta ing tatakrama,
tindak tanduk myang bebasan,
kang tumiba marang nistha,
tuwin kang tiba ing madya,
lawan kang tibeng utama,
iku sira takokena,
ya marang para sujana,
miwah wong kang tuwa-tuwa. (7)

Kang padha bisa micara,
tuwin ingkang ulah sastra,
iku pantes takonana,
bisa madhangaken tyasira,
karana ujaring sastra,
utawa saking carita,
ingkang kinarya gondhelan,
amuruk mring wong mudha. (8)

Lawan sok karepa maca,
sabarang layang carita,
aja nampik barang layang,
carita kang kuna-kuna,
layang babat kawruhana,
carita luhurira,
darapon sira weruha,
lelakone wong prawira. (9)

Miwah lelakone padha,
kang para Wali sadaya,
kang padha antuk nugraha,
angsale saking punapa,
miwah kang para satriya,
kang digdaya ing ayuda,
lakune sira tiruwa,
lelabetan kang utama. (10)

Nora susah mirungga,
mungguh lakune satriya,
carita kabeh pan ana,
kang nistha lan kang utama,
kang asor kang luhur padha,
miwah lakune nagara,
pan kabeh ana carita,
ala becik sira wruha. (11)

Yen durung mangerti sira,
caritane takokena,
ya marang wong tuwa-tuwa,
kang padha wruh ing carita,
iku ingkang dadi uga,
mundhak kapinteranira,
nanging ta dipun elinga,
sabarang ingkang kapyarsa. (12)

Aja na tiru ing bapa,
banget tuna bodho mudha,
kethul tan duwe grahita,
ketungkul mangan anendra,
nanging anak putu padha,
mugi Allah ambukaa,
mring pitutur kang prayoga,
kabeh padha angakepa. (13)

Umure padha dawaa,
padha atut aruntuta,
marang sadulure padha,
den padha sugih berana,
tanapi sugiha putra,
pepaka jalu wanodya,
kalawan menenge aja,
nganti kapedhotan tresna. (14)

Padha sami den pracaya,
aja sumelang ing nala,
kabeh pitutur punika,
mapan wahyuning Hyang Sukma,
dhawuh mring sira sadaya,
jalarane saking bapa,
Hyang Sukma paring nugraha,
marang anak ingsun padha. (15)

Den bisa nampani padha,
mungguh sasmiteng Hyang Sukma,
ingkang dhawuh marang sira,
wineruhken becik ala,
anyegah karepanira,
marang panggawe kang ala,
kang tumiba siya-siya,
iku peparing Hyang Sukma. (16)

Paring peling marang sira,
tinuduhken ing dedalan,
kang bener kang kanggo uga,
ing donya ingkang sampurna,
muga nak putu padha,
anaa dadi tuladha,
ing kabecikan manusa,
tiniruwa ing sujalma. (17)

Sakehing wong kepengina,
niru solah bawanira,
marang anak putu padha,
anggepe wedi asiha,
kinalulutan ing bala,
kedhepa saparentahnya,
tulusa mukti wibawa,
ing satedhak turunira. (18)

Didohna saking duraka,
winantuwa ing nugraha,
sakeh anak putu padha,
ingkang ngginakaken samya,
marang pituture bapa,
Allah anyembadanana,
ing pandonganingsun mapan,
ing tyasingsun wus rumasa. (19)

Wak ingsun upama surya,
lingsir kulon wayahira,
padak mring surupe uga,
atebih marang timbulnya,
pira lawase neng donya,
ing kauripaning jalma,
masa nganti satus warsa,
iya umure manungsa. (20)

Mulaningsun muruk marang,
ing kabeh atmajaning wong,
sun tulis ngong wehi tembang,
darapon padha ruh apa,
nggonira padha amaca,
sarta ngrasakna carita,
aja bosen den apalna,
ing rina wengi elinga. (21)

Lan nuli padha elinga,
kaya leluhure padha,
dikdaya betah ing tapa,
sarta waskitha ing nala,
kasampurnaning gesang,
patitis tan kasamaran,
iku ta panedhangingwang,
kang muga kelakonana. (22)

Titi tamating carita,
serat weweling maring putra,
kang karya serat punika,
Jeng Sunan Pakubuwana,
Surakarta ping sekawan,
ing galih panedhanira,
kang amaca kang miyarsa. (23)


Comments

Popular posts from this blog

Resep Jenang Bentul

            On the way to Surabaya, di sepanjang trotoar depan kios-kios di Pasar Singosari  banyak penjual bentul, umbi-umbian yang bentuknya seperti bola lampu besar, dagingnya putih dengan serat-serat ungu.

Kajian R A S A

credit Inilah yang namanya keterusan. Berawal dari postingan status di fesbuk, akhirnya menjalar jadi kajian yang lebih luas dan dalam lagi.