Manungsa sadrema lakoni apa kang dadi pepesthene sinerat ing kitab Jitapsara ageme para Dewa. Bathara Panyarikan kang piniji tulis Yamadipati penjabut nyawa Brama Kasucen Indra kasuwargan widodari Kamajaya turunan linuwih Wisnu kawicaksanan pangurip Mobah musiking bawana ya kaluhuran langgeng purba wasesa Sejatine hananing Hyang Widi sangkan paraning urip kabeh wis cinethak dadi mula sinebut sagung dumadi saka ciptaning Gusti Maha Suci Hananing Manungsa sakawit wenang nenuwun mring sesembahane ala becik sinandhang dewe nging pasrah pepuntone Karsaning Gusti garising urip nora bisa sinelakan Getering rasa tunggal tumrap titah tanah Jawa pinaringan Kawruh Kasidan Jati "Yen nguni datan ana Nuli ana... kapriye bisane bali ora ana" Ingkana wewenang mesu budi linambaran pasrahing titah bali mula mulanira Selamat pagi.... mungkin kemunculan 'puisi' di atas sedikit mengejutkan, karena ditulis ...
Only a life lived for others is a life worthwile.....